-->

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X Semester 1

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X Semester 1

Mapel                 : Mulok Bahasa Jawa                                   Hari/Tanggal   : Desember 2013
Kelas/Semester  : X (Sepuluh)/Gasal                                      Waktu             :
 

I.     Paringana tandha ping (x) wonten aksara a, b, c, d, utawi e  wonten ing sangajengipun wangsulan ingkang leres!

Semaken tuladha wara-wara menikakangge mangsuli pitakenan no. 1-2!

Tuladha teks wara-wara
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng bapak-bapak saha kadang mudha Rt. 02/Rw 03 ngriki. Bilih sampun dados adat sabenipun, mangke ing dinten Ahad tanggal 16 maret menika, kasuwun kempal wonten pos jagi sacelakipun mushola, watawis tabuh 07.00. saperlu badhe gugur gunung utawi gotong-royong reresik mushola lan sakiwa tengenipun amargi dalunipun badhe wonten pengaosan akbar pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW.Makaten pambyawara saking kula, mugi dadosaken kawigatosan panjenengan sedaya. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

1.      Suraosipun wara-wara ing inggil inggih menika ….
a.       gugur gunung ngresiki dhusun
b.      gugur gunung ngresiki mushola
c.       pengaosan Maulid Nabi
d.      kempalan para bapak lan kadang mudha
e.       gugur gunung ngresiki poskamling
2.      Perangan–peranganipunwara-wara ingkang wigati wonten ing wara-wara ing inggil inggih menika ….
a.       sakingsinten, kagem sinten, alamat kang dipuntuju
b.      kagem sintenmenapa suraosipun, titi mangsa
c.       saking sinten, kagem sintenmenapa suraosipun
d.      kagem sinten, saking sinten, urutanipun acara
e.       saking sinten, urutanipun acara, alamat ingkang dipuntuju

Semaken tuladha cariyos pengalamanmenikakangge mangsuli pitakenan no. 3-4!
Rikala dinten riyaya taun kepungkur, Minggu enjing, sedinten saderengipun shalat Ied, kula lan kulawarga sowan wonten dalemipuneyang ingkang mapan wontenKaloran, Temanggung. Saking Semarang namung kalih jam kemawon. Kula lan kulawarga nitih mobil. Rikala wanci dalu, malem takbiran, wonten plataranipun eyang sampun rame sanget, kathah mercon ingkang werna-werni jinisipun nembe dipunsumet lan dipunbledhosaken ing langit.
Remen sanget anggenipun kula nyawang kadadosan menika. Nanging, mercon-mercon kalawau malah damel kagetipun eyang ingkang sampun sepuh. Ngantos tanggi teparonipun eyang ingkang sakmenika nembe gerah, sami medal ndukani pakdhe ingkang nyumet mercon kalawau.
………………………………………………………………………………………….

Download Selengkapnya


Terimakasih semoga bermanfaat

0 Response to "Soal UAS Bahasa Jawa Kelas X Semester 1"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel